1 Ayub tumuli mangsuli, pangucape:
2 “Lah iya kowe iku kang jeneng manungsa,manawa kowe padha mati,kawicaksanan iya mati bebarengan karo kowe.
3 Aku iya duwe pikiran kaya kowe,aku ora kalah karo kowe;sapa kang durung tau nyumurupi kang kaya mangkono iku?
4 Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku,aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani,wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.