13 Nanging Gusti Allah iku kang kagungan kawicaksanan lan pangwaos.Iya Panjenengane iku kang dadi etuking pangulir budi lan kawasisan.
14 Manawa panjenengane mbebongkar, ora ana kang bisa mbangun maneh.Manawa Panjenengane nangkep wong, ora ana kang bisa ngluwari.
15 Manawa Panjenengane mbendung banyu, banjur asat kabeh.Manawa Panjenengane marengake mili maneh, banjur ngelebi bumi.
16 Panjenengane ngasta pangwaos lan kaunggulaniya kang nguwaosi wong kang kesasar lan wong kang nasarake.
17 Panjenengane kang nggiring lan nglukari para mentri,sarta kang damel bodhoning para hakim.
18 Panjenengane kang nguculi blenggu kang dietrapake dening para raja,kang banjur padha tinalenan bangkekane kalawan tali pangiket.
19 Panjenengane kang nggiring lan nggledhah para imam,lan nggolingake wong kang santosa.