3 Aku iya duwe pikiran kaya kowe,aku ora kalah karo kowe;sapa kang durung tau nyumurupi kang kaya mangkono iku?
4 Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku,aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani,wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.
5 Saka panemune wong kang tentrem uripe,wong kang sangsara iku pantese dicacad,iku rinasa kaya gebug tumrap wong kang sikile kajengklok.
6 Tarube wong kang ngrusak padha tentremsarta wong kang memungu dukaning Allah padha ngalami katentreman,samono uga para wong kang arep nggegem Gusti Allah ana ing tangane.
7 Nanging takona ta marang kewan, iku mesthi padha mangretekake kowe,sarta takona ta marang manuk ing awang-awang,mesthi kowe disumurupake,
8 utawa tutura marang bumi, iku mesthi bakal aweh piwulang marang kowe,dalasan iwak ing sagara bakal carita marang kowe.
9 Panunggalane iku kabeh sapa kang ora sumurup,manawa astane Gusti Allah kang nindakake iku;