1 “Lah iku kabeh wus dakdeleng kalawan mripatku,dakrungu kalawan kupingku lan dakmangreteni.
2 Apa kang padha koksumurupi, iku iya daksumurupi,aku ora kalah karo kowe.
3 Nanging aku arep munjuk marang Kang Mahakuwasa,aku kapengin mbelani prakaraku ana ing ngarsaning Allah.
4 Dene kowe kabeh iku wong kang padha nutupi gorohmu,sarta padha dadi dhukun kang palsu.
5 Saupama kowe padha meneng babar pisan,iku malah dadi kawicaksananmu.