11 Apa kamulyane Gusti Allah iku ora bakal ngagetake kowe,sarta apa kowe ora bakal ketiban ing pagirise?
12 Pepeling-pepelingmu iku wulang bebasan lebulan tamengmu iku tameng lempung.
13 Padha menenga! Aku arep calathu,nadyan apa bae kang bakal tumempuh marang aku, daksanggane!
14 Dagingku arep dakjupuk kalawan untuku,lan nyawaku arep daksangga ing tanganku.
15 Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pangarep-arep,ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.
16 Panjenengane bakal dadi kaslametanku,nanging wong lamis ora kena seba ing ngarsane.
17 Rungokna kang tumenan tembung-tembungku,lan gatekna katranganku!