3 Nanging aku arep munjuk marang Kang Mahakuwasa,aku kapengin mbelani prakaraku ana ing ngarsaning Allah.
4 Dene kowe kabeh iku wong kang padha nutupi gorohmu,sarta padha dadi dhukun kang palsu.
5 Saupama kowe padha meneng babar pisan,iku malah dadi kawicaksananmu.
6 Rungokna ta wangsulankulan gatekna panjawabing lambeku!
7 Apa kowe gelem goroh kagem Gusti Allah,apa kowe gelem ngapusi kagem Panjenengane?
8 Apa kowe gelem mbelani Gusti Allahsarta bebantahan kanggo mbelani Panjenengane?
9 Apa prayoga, manawa Panjenengane niti-priksa marang kowe?Apa kowe bisa ngapusi Panjenengane kaya ngapusi marang wong?