1 “Manungsa ingkang lair saking tiyang estri,celak umuripun, tuwuk ing kasisahan,
2 mekar kadosdene sekar lajeng alum,icalipun kados wewayangan, boten saged lestantun.
3 Punapa inggih Paduka badhe karsa mirsani tiyang ingkang kados makaten punikasaha badhe Paduka tarik dhateng ing pangadilan Paduka?
4 Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember?Satunggal kemawon temtu boten wonten!
5 Ingkang punika sarehning umuripun manungsa sampun kapesthekaken watesipun,tuwin cacahing wulanipun sampun Paduka temtokaken, punapa dene wates-watesipun sampun Paduka tetepaken, satemah boten saged kalangkahan,
6 mila Paduka mugi karsa nilar mengo, supados piyambakipun saged aso,satemah saged ngraosaken nikmating dintenipun kados tiyang berah.