19 tuwin kadosdene toya ingkang nggripisaken sela,sarta santering ilinipun ngentiraken lebuning siti,inggih kados makaten anggen Paduka nglebur pangajeng-ajenging manungsa.
20 Manungsa Paduka wisesa salaminipun lajeng kesah,Paduka ewahi rainipun lajeng Paduka tundhung;
21 boten nyumerepi anggening anakipun sami angsal kadrajatan,utawi sami dhawah ing kanisthan inggih boten dipun mangretosi.
22 Namung badanipun ingkang njalari piyambakipun nandhang perih,saha margi saking piyambakipun piyambak, nyawanipun nandhang sedhih.”