5 Ingkang punika sarehning umuripun manungsa sampun kapesthekaken watesipun,tuwin cacahing wulanipun sampun Paduka temtokaken, punapa dene wates-watesipun sampun Paduka tetepaken, satemah boten saged kalangkahan,
6 mila Paduka mugi karsa nilar mengo, supados piyambakipun saged aso,satemah saged ngraosaken nikmating dintenipun kados tiyang berah.
7 Amargi tumraping wit-witan taksih wonten pangajeng-ajengipun;manawi kategor, medal trubusipun malih,ingkang nunten gesang ing salajengipun.
8 Sanadyan oyodipun dados sepuh wonten ing salebeting siti,sarta tunggakipun ngantos pejah dumunung ing lebu,
9 ewasemanten angger mambet toya,mesthi semi sarta medal pangipun ingkang dados taneman enggal.
10 Nanging manawi tiyang nemahi pejah sampun boten gadhah daya kakiyatan malih;manungsa manawi sampun pejah,tiyang wau lajeng wonten ing pundi?
11 Kadosdene toyanipun tlaga ingkang nguwabtuwin lepen ingkang asat saha pejah,