12 Aku urip kalawan tentrem, nanging aku banjur sinangsara,githokku diasta nuli aku dibanting,banjur katangekake kadadekake les-lesane.
13 Aku diudani ing panah,ginjelku padha cinublesan tanpa piwelas,rempeluku kawutahake ing bumi.
14 Aku dijuwing-juwing,aku ditempuh kaya dene wong prawira ing perang.
15 Aku wus ndondomi bagor kanggo nutupi kulitkusarta sunguku dakurugi lebu.
16 Raiku katon mbranang marga saka nangislan tlapukanku ketutupan ing peteng ndhedhet,
17 sanadyan tanganku ora kadunungan tindak ambek-siyatuwin pandongaku resik.
18 Heh bumi, getihku aja koktutupi,sarta panjeritku aja nganti oleh papan palerenan!