1 Ing kono Bildad, wong Suah banjur mangsuli,calathune:
2 “Nganti pira lawase anggonmu ndedawa tembung;pikiranmu enggonen ta, aku banjur arep padha aweh pitutur.
3 Yagene aku kok padha dianggep kewan?Yagene aku padha kokanggep bodho?
4 Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu,apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?
5 Ewasamono pepadhange wong duraka bakal kapatenan,lan urubing genine ora tetep sumunar.
6 Pepadhang ing sajroning tarube dadi peteng,lan diyane kang ana ing dhuwure mati.