16 Rewangku dakundang, ora sumaur,ndadak kudu dirimuk kalawan tembung manis.
17 Bojoku ora betah mambu ababku,sarta ambuku bacin tumrap para sadulurku tunggal bapa biyung.
18 Dalasan bocah-bocah padha ngremehake aku;saupama aku arep ngadeg banjur diisin-isin.
19 Kabeh mitraku kang becik padha eneg ndeleng aku,sarta kang daktresnani padha ngungkurake aku.
20 Kulit lan dagingku padha kelet ing balungkumung kari gusiku kang isih.
21 Welasa marang aku, welasa marang aku, heh mitra-mitraku,amarga aku digepok dening astane Allah.
22 Yagene kowe padha ngoyak-oyak aku, kayadene Gusti Allahsarta kok ora wareg-wareg anggonmu mangan dagingku?