24 tinatahana kalawan wesi pangukir lan timbelana ing gunung parang kanggo ing salawas-lawase.
25 Nanging aku sumurup: Panebusku iku gesang,sarta ing wekasane Panjenengane bakal jumeneng ana ing lebuning bumi.
26 Uga sawise kulite badanku rusak banget,malah sanadyan tanpa dagingkuaku bakal ndeleng Gusti Allah,
27 kang bakal dakdeleng dhewe iku bakal mbelani aku;mripatku dhewe kang ndeleng, dudu wong liya;telenging atiku banget anggone cecengklungen.
28 Manawa kowe padha calathu: Aku bakal padha nuntut marang dheweke,sarta bakal nyumurupi sababing prakarane,
29 padha wedia marang pedhang,amarga kanepson iku kaukum pedhang,supaya kowe padha sumurupa yen sanyata ana pangadilan.”