9 Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”
10 Ewadene wangsulane Ayub: “Calathumu iku kaya wong gemblung, sabarang peparinge Gusti Allah kang becik padha daktampani, kang ala apa ora kudu daktampani uga?” Sajrone iku kabeh Ayub ora nganti gawe dosa kalawan lambene.
11 Kacarita mitrane Ayub telu bareng krungu bab sakehe bilai kang tumama marang dheweke, banjur padha teka saka ing panggonane dhewe-dhewe, yaiku: Elifas wong Teman, Bildad wong Suah lan Zofar wong Naamah; iku wus padha sarujuk arep tilik Ayub prelu mratelakake bela-sungkawa lang nglipur.
12 Kocapa, nalika ndeleng saka ing kadohan, padha pangling marang Ayub, sarta seru anggone padha nangis; apamaneh padha nyuwek-nyuwek jubahe, tuwin nyawurake lebu mandhuwur, nglarabi sirahe.
13 Banjur padha lungguh nglosod ing lemah ana ing ngarepe Ayub, lawase pitung dina pitung bengi, ora ana kang muni sakecap bae, marga padha weruh ing sangsarane Ayub kang luwih dening banget iku.