3 Aku mentas krungu panutuh kang mirangake aku,nanging kang mangsuli aku iku akal-budi kang tanpa nalar.
4 Apa kowe durung nyumurupi iku kabeh wiwit jaman kuna mula,wiwit nalika manungsa dipapanake ana ing bumi,
5 manawa gambirane wong duraka iku ora awet,sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?
6 Sanadyan anggone ngunggul-unggulake kaluhurane nganti sundhul ing langit,lan sirahe nganti sundhul ing mega,
7 nanging bakal lebur ing salawase kayadene sesukere dhewe;wong kang tau ndeleng dheweke padha takon: Ana ngendi wong iku?
8 Bakal sirna kaya impen tanpa tilas,ilang kaya wewarnan ing wayah bengi,
9 ora katon maneh ing mripat kang ndeleng,lan papan padunungane ora bakal ndeleng maneh.