21 Awit dheweke isih mreduli apa marang brayate sawuse mati,yen wus entek gunggunging sasine?
22 Mangsa Gusti Allah kok dicaosi piwulang dening manungsa,Panjenengane kang ngadili wong-wong mau saka ing ngaluhur!
23 Ana wong kang matine isih kadunungan kakuwatan pepak,kalawan tentrem lan santosa,
24 bangkekane lemu dening gajih,lan sungsume balung-balunge isih seger.
25 Ana maneh kang matine kalawan lara atine,lan ora tau ngrasakake kanikmatan.
26 Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah,lan padha karubung ing set.
27 Lah aku wus sumurup, kang dadi pikiranmu,lan akal kaculikan kang kokrancang tumrap aku.