1 Elifas, wong Teman banjur mangsuli, pangucape:
2 “Manungsa iku apa maedahi tumrap Gusti Allah?Ora, wong kang nduweni akal-budi iku mung migunani tumrap awake dhewe.
3 Manawa kowe bener apa ana paedahe tumrap Kang Mahakuwasa,utawa manawa uripmu iku utama,apa Panjenengane angsal kauntungan?
4 Apa marga saka pangabektimu anggonmu kasiksalan kaparakake marang ing pangadilan dening Panjenengane?
5 Rak marga saka gedhening pialamulan tanpa wilangan kaluputanmu?