10 Mulane kowe kinalang-kalang ing kala,tuwin dadakan tinempuh ing pagiris.
11 Padhangmu dadi peteng satemah kowe ora bisa ndeleng,lan banjur kleleb ing banjir.
12 Gusti Allah rak lenggah ing langit kang dhuwur?Delengen ta lintang-lintang kang dhuwur dhewe, iba-iba dhuwure!
13 Nanging ujarmu: Gusti Allah mirsa apa?Apa Panjenengane saged ngadili saka ing sadhuwure mega-mega kang peteng?
14 Panjenengane kalimputan ing mega satemah ora bisa mirsani;Panjenengane ameng-ameng ing cakrawala.
15 Apa kowe arep tetep lumaku ing dalan kang lawas,kang diambah dening para wong ala,
16 kang wus padha sinendhal sadurunge mangsa,kang bumine larud kebanjiran,