1 Nanging Ayub mangsuli, pangucape:
2 “Saiki pasambatku dadi pambalela,astane menet aku, satemah aku sesambat.
3 Ah, muga aku bisa sumurup kapriye anggonku ketemu kalawan Panjenengane,lan diparengake sowan marang ing daleme.
4 Aku banjur bakal njlentrehake prakaraku ana ing ngarsane,lan cangkemku bakal dakkebaki atur panjawab.