10 Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku;manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.
11 Sikilku tetep ndherekake tindake,aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.
12 Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak;dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.
13 Nanging Panjenengane ora tau ewah --Sapa kang bisa ngalang-alangi Panjenengane?Apa kang dikarsakake, iya banjur ditindakake.
14 Awit Panjenengane bakal ngrampungake apa kang wus katetepake tumrap aku,lan isih akeh bab-bab liyane kang kaya mangkono kang dikarsakake.
15 Mulane atiku gumeter ana ing ngarsane,manawa iku kabeh dakpikir,aku banjur wedi banget marang Panjenengane.
16 Gusti Allah wus damel aku semplahKang Mahakuwasa wus damel atiku gemeter,