7 Wong kang jujur iku kang bakal nglawan padu ana ing ngarsane,lan aku mesthi bakal uwal babar pisan saka ing Hakimku.
8 Manawa aku lumaku mangetan, panjenengane ora ana ing kana,utawa mangulon, aku ora mrangguli Panjenengane.
9 Dakgoleki mangalor, Panjenengane ora katingal;genti mangidul, aku ora sumurup Panjenengane.
10 Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku;manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.
11 Sikilku tetep ndherekake tindake,aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.
12 Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak;dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.
13 Nanging Panjenengane ora tau ewah --Sapa kang bisa ngalang-alangi Panjenengane?Apa kang dikarsakake, iya banjur ditindakake.