9 Dakgoleki mangalor, Panjenengane ora katingal;genti mangidul, aku ora sumurup Panjenengane.
10 Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku;manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.
11 Sikilku tetep ndherekake tindake,aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.
12 Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak;dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.
13 Nanging Panjenengane ora tau ewah --Sapa kang bisa ngalang-alangi Panjenengane?Apa kang dikarsakake, iya banjur ditindakake.
14 Awit Panjenengane bakal ngrampungake apa kang wus katetepake tumrap aku,lan isih akeh bab-bab liyane kang kaya mangkono kang dikarsakake.
15 Mulane atiku gumeter ana ing ngarsane,manawa iku kabeh dakpikir,aku banjur wedi banget marang Panjenengane.