10 Padha klambrangan kalawan wuda, tanpa sandhangan,lan padha mikul gedheng-gedhengan gandum kalawan keluwen.
11 Padha mipit lenga ana ing antarane kebon rong guthekpadha ngiles-iles pamipitan anggur kalawan kasatan.
12 Padha krungu panggluruhe wong-wong kang wis meh mati saka ing kutha,lan panjeriting wong-wong kang nandhang tatu,nanging Gusti Allah ora miyarsakake pandongane.
13 Ana maneh golongan kang nyatru marang pepadhangkang ora sumurup marang margining Allahlan ora tetep ngambah ing lelurung pitedahe.
14 Sadurunge wayah bangun esuk durjana tumandang mateniwong kesrakat lan wong miskin,dene yen bengi tumindake kaya maling.
15 Wong kang laku jina ngenteni wayah repet-repet,awit pamikire: Aku aja nganti kaweruhan ing wong;banjur raine dikudhungi.
16 Samangsa peteng padha mbabah omah,yen awan padha ndhelik,ora gelem ndeleng pepadhang,