2 Ana wong kang padha ngowahi watesing palemahan,kang ngrampas pepanthan kewan banjur diengon dhewe.
3 Kuldine bocah lola diinggatakelan sapine wadon randha digadhe.
4 Wong miskin padha disingkang-singkang,wong kesrakat ing sajroning nagara kepeksa padha ndhelik kabeh.
5 Lah kaya kuldi alas ing ara-ara samunanggone padha metu arep nyambut gawe golek pangan ing tanah bera kanggo anak-anake.
6 Ana ing pategalan padha njupuki panganing kewan,lan ana ing kebone anggur wong duraka padha methiki woh kekarene.
7 Padha nginep kalawan wuda, amarga ora duwe sandhangan,sarta ora duwe kemul ing wektu adhem;
8 padha klebus marga saka deresing udan ing pagunungan,lan sarehne ora ana papan kanggo ngeyub,banjur kepeksa ndhepipis ing parang.