5 Lah kaya kuldi alas ing ara-ara samunanggone padha metu arep nyambut gawe golek pangan ing tanah bera kanggo anak-anake.
6 Ana ing pategalan padha njupuki panganing kewan,lan ana ing kebone anggur wong duraka padha methiki woh kekarene.
7 Padha nginep kalawan wuda, amarga ora duwe sandhangan,sarta ora duwe kemul ing wektu adhem;
8 padha klebus marga saka deresing udan ing pagunungan,lan sarehne ora ana papan kanggo ngeyub,banjur kepeksa ndhepipis ing parang.
9 Ana kang ngrebut bocah yatim saka ing susune biyunge,sarta nggadhe bayine wong miskin.
10 Padha klambrangan kalawan wuda, tanpa sandhangan,lan padha mikul gedheng-gedhengan gandum kalawan keluwen.
11 Padha mipit lenga ana ing antarane kebon rong guthekpadha ngiles-iles pamipitan anggur kalawan kasatan.