1 Ayub mbacutake andharane, tembunge:
2 “Demi Allah kang ora paring kaadilan marang akulan demi Kang Mahakuwasa kang nandukake pait-getir marang nyawaku,
3 salawase ambekanku durung suda,sarta napas kang saka ing Gusti Allah isih ana ing irungku,
4 lambeku sanyata ora bakal ngucapake kang doralan ilatku ora bakal nglairake kaculikan.
5 Aku babar pisan ora mbenerake kowe!Nganti aku mati aku tetep ngukuhi, yen aku ora luput.
6 Kabeneranku dakgondheli kenceng, lan ora bakal dakeculake;atiku ora bisa nacad dinane uripku siji-sijia.
7 Mungsuhku cikben ngrasakake kaya wong duraka,lan wong kang nglawan marang aku kaya wong culika.