1 Ayub tumuli mbacutake andharane, calathune:
2 “Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur,kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,
3 nalika dilahe mayungi sirahku,sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;
4 kaya nalika mempeng-mempenging umurku,nalika tarubku kayoman ing pitepanganing Allah,
5 nalika Kang Mahakuwasa isih nunggil karo aku,tuwin aku rinubung ing anak-anakku,