13 Wong kang arep nemu bilai ngucapake berkah marang aku,sarta aku gawe bungahing atine randha.
14 Kabeneran kang dadi sandhangankutuwin aku nganggo kaadilan kayajubah lan sreban.
15 Aku dadi mripat tumrap wong wuta,sarta dadi sikil tumrap wong lumpuh.
16 Aku dadi bapa tumrap wong miskin,tuwin prakarane wong kang dudu kawanuhanku daktiti-priksa.
17 Wong dursila dakremuk untune,lan memangsane dakrebut saka ing cangkeme.
18 Osikku mangkene: Aku bakal sirna bareng karo susuhku,lan ngakehake dinaku kaya manuk feniks.
19 Oyodku tekan ing banyu,lan pang-pangku padha kainepan ebun.