16 Aku dadi bapa tumrap wong miskin,tuwin prakarane wong kang dudu kawanuhanku daktiti-priksa.
17 Wong dursila dakremuk untune,lan memangsane dakrebut saka ing cangkeme.
18 Osikku mangkene: Aku bakal sirna bareng karo susuhku,lan ngakehake dinaku kaya manuk feniks.
19 Oyodku tekan ing banyu,lan pang-pangku padha kainepan ebun.
20 Aku tansah kadunungan kamulyan kang seger,sarta gandhewaku pulih nom ana ing tanganku.
21 Wong padha ngrungokake sapituturku kalawan panganti-anti,padha nampani pituduhku kalawan meneng.
22 Sarampunging pituturku, ora ana wong kang calathu maneh,sarta tembung-tembungku padha tumetes marang wong-wong mau.