2 “Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur,kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,
3 nalika dilahe mayungi sirahku,sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;
4 kaya nalika mempeng-mempenging umurku,nalika tarubku kayoman ing pitepanganing Allah,
5 nalika Kang Mahakuwasa isih nunggil karo aku,tuwin aku rinubung ing anak-anakku,
6 nalika tapaking sikilku adus susu,lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.
7 Samangsa aku metu menyang ing sakethenging kutha,tuwin nata palungguhanku ana ing tengahing alun-alun,
8 para nonoman bareng weruh tekaku banjur padha mundur,dene para wong kang wus uwanen padha ngadeg mapan;