1 Sawuse mangkono Ayub banjur calathu, nyupatani dina kalahirane;
2 pangucape mangkene:
3 “Sirnaa dina kalahiranku,mangkonoa uga wengi kang muni:Wus dadi wetengan lanang.
4 Dina iku dadia peteng,aja digalih dening Gusti Allah kangana ing luhur, aja kasorotan ing pepadhang pisan.
5 Muga kalimputana ing pepeteng, lan palimenganing pati,kasasabana ing mendhung,kinagetna ing grahana srengenge.
6 Wengi iku -- rinayuda ing peteng ndhedhet;aja nganti abungah-bungah, ing dina-dina sajroning setahun,aja kaetung awor cacahing sasi-sasi.