10 awit ora mbuntoni lawange guwa-garbaning ibuku,sarta ora ngaling-alingi kasusahan ana ing ngarepe mripatku.
11 Yagene aku ora mati nalika lair,lan ora pecat nyawaku nalika metu saka ing guwa-garba?
12 Yagene ana dhengkul kang nadhahi awakku;lan ana susu kang nusoni aku?
13 Saupama ora mangkono, aku rak bisa leyeh-leyeh kalawan tentrem;bisa turu lan ngaso
14 awor karo raja lan para nayaka ing jagad,kang wus padha mbangun gegempurane,
15 sarta awor para panggedhe kang duwe emas,lan omahe dikebaki salaka,
16 utawa yagene aku ora kaya bayi keluron kang kadhelikake,kaya bayi kang ora nganti ndeleng pepadhang?