1 “Aku wus gawe prajanjian kalawan mripatku,mulane mangsa yen aku ngantia mandeng marang prawan!
2 Awit apa ta kang dadi ganjaran kang kapesthekake dening Gusti Allah saka ing ngaluhur,lan apa ta kang dadi panduman kang katetepake dening Kang Mahakwasa saka ing ngaluhur?
3 Apa dudu bilai tumrap wong kang luput,lan kacilakan tumrap wong kang nindakake piala?
4 Apa dudu Gusti Allah kang mirsani dalanku,lan kang ngetang sakehing jangkahku?
5 Manawa aku tau srawungan karo ujar pagorohanutawa sikilku enggal-enggal marani kaculikan,
6 muga aku ditimbanga ing traju kang tliti,ing kono Gusti Allah bakal uninga,manawa aku ora duwe kaluputan.
7 Manawa lakuku nyimpang saka ing dalan,lan atiku nuruti pamandenging mripatku,sarta tanganku katemplekan ing rereged,