14 apa daya-kakuwatanku, manawa Gusti Allah banjur jumeneng,manawa Panjenengane nganakake papriksan,aku ngunjukake wangsulan kapriye?
15 Apa dudu Panjenengane kang nitahake aku ana ing guwa-garba, lan kang uga nitahake wong mau?Rak mung siji ta kang nganakake aku kabeh ana ing guwa-garba?
16 Manawa aku tau nduwa pepenginane para wong cilik,njalari mripating randha dadi bengep
17 utawa panganku dakpangan dhewe,mangka anak yatim ora melu mangan
18 -- malah kayadene bapa anggonku nggedhekake bocah mau,sarta anggonku nuntun wiwit ana ing guwa-garbane biyunge --
19 manawa aku weruh wong mati marga tanpa sandhangan,utawa wong miskin kang ora duwe kemul,
20 lan bangkekane ora njalukake berkah akutuwin awake ora diangetake nganggo wuluning wedhusku;