28 iku uga dadi durakakang pantes diukum dening hakim,amarga aku nyelaku Gusti Allah kang ana ing ngaluhur.
29 Manawa aku tau bungah marga satruku kacilakan,lan surak-surak, manawa dheweke katempuh ing kasangsaran --
30 aku ora bakal ngolehake cangkemku gawe dosa,mujekake matine kalawan sumpah --
31 Manawa wong-wong ing tarubku ora muni:Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane --
32 malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba,lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! --
33 Manawa aku nutupi panerakku kayadene Rama Adam,kalawan ndhelikake kaluputanku ana ing sajroning atiku,
34 awit aku pakewuh marang masarakatlan wedi marang panacade sanak-sadulur,satemah aku banjur meneng bae lan ora metu saka ing lawang!