30 aku ora bakal ngolehake cangkemku gawe dosa,mujekake matine kalawan sumpah --
31 Manawa wong-wong ing tarubku ora muni:Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane --
32 malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba,lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! --
33 Manawa aku nutupi panerakku kayadene Rama Adam,kalawan ndhelikake kaluputanku ana ing sajroning atiku,
34 awit aku pakewuh marang masarakatlan wedi marang panacade sanak-sadulur,satemah aku banjur meneng bae lan ora metu saka ing lawang!
35 Ah, bok ana kang ngrungokake aku ya!-- ya iki tandha-tanganku! Kang Mahakwasa muga karsaa paring wangsulan marang aku! --Lan bok iya ana layang pandakwa kang katulis dening lawananku!
36 Temenan, layang iku bakal dakpanggullan dakanggo kayadene makutha.