31 Manawa wong-wong ing tarubku ora muni:Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane --
32 malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba,lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! --
33 Manawa aku nutupi panerakku kayadene Rama Adam,kalawan ndhelikake kaluputanku ana ing sajroning atiku,
34 awit aku pakewuh marang masarakatlan wedi marang panacade sanak-sadulur,satemah aku banjur meneng bae lan ora metu saka ing lawang!
35 Ah, bok ana kang ngrungokake aku ya!-- ya iki tandha-tanganku! Kang Mahakwasa muga karsaa paring wangsulan marang aku! --Lan bok iya ana layang pandakwa kang katulis dening lawananku!
36 Temenan, layang iku bakal dakpanggullan dakanggo kayadene makutha.
37 Kabeh jangkahku bakal dakuningakake marang Panjenengane,aku bakal seba marang ing ngarsane kayadene raja.