4 Apa dudu Gusti Allah kang mirsani dalanku,lan kang ngetang sakehing jangkahku?
5 Manawa aku tau srawungan karo ujar pagorohanutawa sikilku enggal-enggal marani kaculikan,
6 muga aku ditimbanga ing traju kang tliti,ing kono Gusti Allah bakal uninga,manawa aku ora duwe kaluputan.
7 Manawa lakuku nyimpang saka ing dalan,lan atiku nuruti pamandenging mripatku,sarta tanganku katemplekan ing rereged,
8 apa kang daksebar cikben dipangan wong liya,lan apa kang thukul kanggo aku cikben dibedholi.
9 Manawa atiku katarik marang wong wadon,sarta aku ngadhang ana ing lawanging pepadhaku,
10 bojoku cikben nggilingake wong liya,lan cikben diajak turu wong liya.