1 Ing kono wong telu mau banjur nguwisi anggone mangsuli marang Ayub, marga Ayub ngarani bener awake dhewe;
2 temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah.
3 Mitrane telu-telune uga dinepsoni, awit sanadyan wis ora bisa madoni, ewadene netepake kaluputane Ayub.
4 Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke.
5 Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli maneh, banjur thukul nepsune.
6 Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau:“Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen,mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe.
7 Pangrasaku mangkene: Wong kang wus padha tuwa iku becike padha aweh pitutur,lan kang wus akeh cacahe taune iku padha ngandharake bab kawicaksanan.