16 Apa aku isih kudu nganti-anti, marga wong-wong iku wus ora duwe pangucap,marga wus mandheg ora bisa mangsuli maneh?
17 Aku uga are aweh wangsulan ing giliranku,aku iya arep nglairake panemuku.
18 Awit aku kebak tetembungan,semangat kang ana ing aku ndhesek marang aku.
19 Satemene batinku iku kaya anggur kang ora ana dalane hawa,kayadene impes anyar kang arep bedhah.
20 Aku kudu calathu supaya lega,aku kudu mbukak lambeku lan aweh wangsulan.
21 Aku ora bakal ilon-ilonenlan ora bakal ngalembana sapa-sapa,
22 amarga aku ora ngreti bab ngalembana;manawa tumindak mangkono, kang nitahake nyawaku mesthi enggal-enggal njabut nyawaku.”