1 “Dene saiki, he Ayub, rungokna kandhaku,lan tilingna pangrungumu marang tembung-tembungku.
2 Sumurupa, aku wus mbukak cangkemku,ilatku ngucap ana ing sangisoring cethakku.
3 Atiku nglairake tembung kalawan jujur,lan lambeku mratelakake kalawan cetha apa kang disumurupi.
4 Aku katitahake dening Rohing Allah,lan napase Kang Mahakwasa njalari aku urip.
5 Manawa kowe bisa, aku wangsulana,mapana arep-arepan karo aku.
6 Satemene tumraping Allah aku karo kowe iku padha bae,aku iya diwangun saka lempung.
7 Mulane kowe aja giris ana ing ngarepku,ora abot anggonku bakal menet marang kowe.