5 Manawa kowe bisa, aku wangsulana,mapana arep-arepan karo aku.
6 Satemene tumraping Allah aku karo kowe iku padha bae,aku iya diwangun saka lempung.
7 Mulane kowe aja giris ana ing ngarepku,ora abot anggonku bakal menet marang kowe.
8 Nanging kowe wus calathu ing sacedhake kupingku,lan aku wus krungu anggonmu ngucap mangkene:
9 Aku iki resik aku sepi ing panerak,aku suci tanpa kaluputan.
10 Nanging Panjenengane manggih alasan kanggo nglawan marang aku,aku dianggep mungsuhe.
11 Sikilku dibelok,satindakku tansah dipirsani.