4 awit sanyata ora goroh tembungku,kang arep-arepan karo kowe iki wong kang sampurna kawruhe.
5 Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake,prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.
6 Wong duraka ora padha dilestarekake urip,nanging wong kang sangsara padha kaparingan kaadilan.
7 Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener,nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja ana ing dhampar,satemah padha linuwih kaluhurane.
8 Manawa padha kablenggu kalawan rantetinalen ing kasangsaran,
9 Gusti Allah banjur ngengetake marang panggawenelan panerake, yaiku anggone gumunggung
10 sarta nuli kupinge kawengakake supaya bisa nampani piwulang,tuwin dhawuh supaya padha ngungkurake piala.