15 Apa kowe sumurup kapriye anggone Gusti Allah paring tugas marang iku kabehlan anggone nyunarake cahyane saka ing mendhunge?
16 Apa kowe ngreti bab lakuning mendhung,lan bab kaelokan-kaelokane Kang Mahamirsa,
17 kowe, kang krasa marang angeting panganggo,manawa bumi meneng marga kena panasing angin saka kidul.
18 Apa kowe bisa nggubah mega dadi cakrawala kaya Panjenengane,nganti padhet kaya pangilon cithakan?
19 Aku padha kandhanana aku kudu padha munjuk apa marang Panjenengane,awit aku ora bisa munjuk apa-apa, jalaran kapetengen.
20 Apa ana kang bakal ngunjuki uninga, manawa aku arep duwe atur?Apa wong tau kandha, manawa kapengin kasirnakake.
21 Saiki pepadhang ora katon,marga kapetengan ing mendhung,nanging mengko tinempuh ing angin, banjur resik padhang.