1 Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang Ayub saka ing sajroning prahara, pangandikane:
2 “Sapa ta kang gawe petenging pepesthenkalawan pangucap kang tanpa pamikir?
3 Mara rumantia dikaya wong lanang!Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela.
4 Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi.Munjuka manawa sira mangreti!
5 Sapa kang nemtokake ukurane --Sira rak sumurup? --Tuwin sapa kang menthang tali ukurane?
6 Pilar-pilare tumancep ing ngendilan sapa kang masang watu pojokan,