10 nalika Ingsun nemtokake watese,sarta masang slarak lan lawang;
11 nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kene bae, aja kliwat,ana ing kene alunira kang gumunggung bakal padha katambak!
12 Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-rainalan mrenahake bangbang wetan,
13 supaya padha nyekel poncoting bumisarta ngebutake wong duraka?
14 Bumi mau banjur salin rupa dadi lempung kang diecap,samubarang kabeh awujud kaya busana.
15 Para wong duraka padha kailangan pepadhange,tangan kang kaacungake katugel.
16 Apa sira wus bisa tumurun nganti tekan ing etuking sagaralan wus ndlajahi dhasaring samodra-raya?