29 Es iku metu saka ing guwa-garbane sapa,lan ebun kang njendhel ing langit iku sapa kang nglairake?
30 Banyu njendhel nganti kaya watu,lan lumahing samodra dadi atos.
31 Apa sira bisa mbundheli talining lintang Wuluh,lan nguculi bebandaning lintang Wluku?
32 Apa sira bisa ngetokake lintang Bima Suci ing kala mangsane,lan nuntun lakune lintang Prau saanak-anake?
33 Apa sira nyumurupi pranataning langitsarta netepake anggone mrentah ana ing bumi?
34 Apa sira bisa ngulukake swaranira nganti tekan ing mega,temah sira banjur kebanjiran?
35 Apa sira bisa nglepasake kilat, temah padha samber-samberankalawan calathu marang sira: Sandika?