1 Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon,lan bisa maremake marang singa enom,
2 manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwanemanawa padha ndingkik ana ing grumbulan?
3 Sapa kang nyawisake pakaning gagak,manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah,padha klambarangan marga ora ana pangan?
4 Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak,utawa apa namatake menjangan anggone nglarani?
5 Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone metengsarta apa bisa nyumurupi ing eleke?