29 Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulungkalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?
30 Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbullan nusuh ing panggonan kang dhuwur?
31 Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang,ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.
32 Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane,matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;
33 anake padha ngokop getihlan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”
34 Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:
35 “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa?Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”