31 Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang,ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.
32 Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane,matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;
33 anake padha ngokop getihlan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”
34 Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:
35 “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa?Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”
36 Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah:
37 “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka?Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan.